Garis besar topik

    • Sugeng rawuh wonten mata kuliah on line PRANATACARA ADAT. Setunggal semester, mangga sinau pranatacara kanthi tuwajuh satemah wegig saged dados profesi. Mangga akarya POIN, KOIN mesthi dhateng. 

      Nama        : Prof. Dr. KRT Suwarna Dwijonagoro, M.Pd

      Prodi         : Pendidikan Bahasa Jawa, FBS, UNY

      Pengalaman: MC/Pranatacara wiwit tahun 1987

    • Matakuliah ini bertujuan memberikan bekal pengetahuan praktis tentang pembawa acara dalam berbagai upacara adat Jawa. Materi pokok adalah caturgatra pranatacara: olah suara, olah bahasa dan satra, olah suasana, serta olah busana dan tata krama. Praktik pranatacara pada upacara adat Upacara adat sederhana meliputi upacara 3M (Metu, Manten, Mati). Perkuliahan dilaksanakan secara praktik dengan menggunakan pendekatan OBE (Outcome Based-Education: lulusan dapat berdaya menjadi pranatacara) dengan model pembelajaran PBL (Problem Based Learning), PjBL (Project Based Learning), SCL (Student Center Learning), ALIHE (Active Learning In High Education), dan HOTS (High Order Thinking Skill). Media yang digunakan besmart, youtube, instagram, facebook, tiktok, dan pengamatan secara langsung pada berbagai upacara adat. Evaluasi didasarkan atas portofolio (unjuk kerja/praktik pranatacara dan keaktifan dalam kelas dan tugas), UTS (Ujian Tengah Semeser), dan UAS (UjianAkhir Semester) berbasis proyek (rekaman video pranatacara berbusana Jawa yang diunggah di youtube).
  • Pranata adicara kelabet pranatacara profesional. Pranata adicara ateges pranatacata plus. Pranata adicara mesti pranatacara, dene pranatacara dereng temtu pranata adicara. Kathah pranatacara ing pasamuan RT, pranatacara ijab qobul prasaja, saha pranatacara upacara kesripahan. Nanging pranatacaa kasebat dereng wantun menawi dados pranatacara ing gedhung, hotel, auditorium ing upacara penganten mirunggan. Kados pundi panjenengan, dados pranatacara menapa pranata adicara.

  • Pranatacara panggung kadosta panggung hiburan, pengetan dinten Kamardikan RI, pagelaran campursari

    Olah swara pranatacara pangggung: antal, cetha, powerfull, heroic/semangat

    Wicara: mardika, bebas improvisasi, ingkang baku gayeng/regeng, lagu bebas (lamba, melodius ugi kepareng)

  • Pranatacara tradhisi kadosta tradhisi bersih desa, merti dhusun, merti kali, merti sedhang, lan sapanunggilanipun.

    Olah swara pranatacara: antep, antal, cetha, powerfull, ulem, lamba, heroik, semangat.

    Wicaranipun: mardika, improvisasi winates,

  • Upacara adat menika cakra manggilinganing gesang manungsa 4 M (Meteng, Metu, Manten, Mati).

    • Wonten kalih gagrak upacara penganten Jawi, inggih menika gagrak Surakarta Hadiningat saha Ngayogyakarta Hadniningrat. Upacara penganten gagrak Surakarta ugi asring winastan gagrak Sala. Ing ngandhap menika tata upacara penganten gagrak Sala.

    • Tinilik saking cengkorongan ageng  (umum), upacara pengantin gagrak Ngayogyakarta Hadiningrat boten beda kaliyan upacara pengantin gagrak Surakarta Hadiningrat. Kekalihipun wonten upacara ngandhap menika.

      A. Siraman

      B. Midodareni

      C. Nikah

      D. Panggih/pawiwahan

      E. Pahargyan

                  Ingkang mbedakaken kekalihipun inggih menika adicara ingkang wonten salebeting upacara. Kanthi maos kekalihipun badhe dipunpanggihaken bedanipun upacara pengantin gagrak Ngayogyakarta Hadiningrat boten beda kaliyan upacara pengantin gagrak Surakarta Hadiningrat.

    • Siraman calon penganten gagrak Surakarta kaliyan Ngayogyakarta boten pados beda. Ingkang mbedakaken namung ing pondongan/bopongan/gendhongan saha sade dhawet. Upacara siraman calon penganten gragrak Surakarta wonten pondongan/ bopongan/gendhongan saha sade dhawet, dene siraman calon penganten gagrak Ngayogyakarta boten wonten kalih adicara kasebat.

    • Busana pranata adicara kelebet satunggaling prekawis ingkang ndayani jejer saha jejeging adeg pranata adicara. Awit saking menika pranata adicara kedah saged ngagem busana gagrak Surakarta menapa dene Ngayogyakarta kanthi leres. Kanthi mekaten pranata adicara saged “kasade”, pajeng (kemedol). Pranata adicara kedah saged ngetrepaken busananipun penganten. Menawi penganten ngagem busana gagrak Surakarta, pranata adicara ugi kedah ngagem busana gagrak Surakarta. Menawi penganten ngagem busana gagrak Ngayogyakarta, pranata adicara kedah ngagem busana gagrak Ngayogyakarta. Menawi beda (slenco) boten sae, dipunkinten menawi pranata adicara boten mangertos busana.

  • Upacara siraman saha midodareni kalebet upacara pranikah. Upacara siraman ingkang jangkep kawiwitan kanthi pasang bleketepe, adang sepisan, miwah ngarcik toya perwita adi.

    Dene dalunipun katindakaken adicara midodareni. Limrahipun wonten srah-srahan adat widi widana, wejangan calon penganten, saha nggayuh tumuruning wahyu sajodho. Dene samenika wonten kreasi kagem pengaosan.

    • 3.3 Ijab Qobul

      3.3.1 Ijab Qobul

                  Ingkang nindakaken ijaq qobul ing dalem limrahipun calon penganten ingkang ngrasuk agami Islam. Dene calon penganten ingkang ngrasuk agami sanes ngetrepaken caranipun piyambak, upaminipun ingkang nasrani wonten ing grija.

    • Panyandra inggih menika rerumpakan mawi basa endah kangge mahyakaken satunggaling prekawis, upaminipun candra penganten, candra busana penganten, candra dalem/griya, candra tarub. Ukara panyandra kadhapuk kanthi pilihan tembung ingkang endah, mawi lelewaning basa, purwakanthi, lan sapanunggilanipun.

    • Pengantin gagrak Surakarta.

    • Kirab pengantin mawi cucuk lampah Punakawan

    • CONTO PANDUAN

    • Perkawinan antaretnis  juga mempersembahkan upacara pengantin secara akulturatif. Seperti pengantin Padang-Jawa ini.

    • sampul.jpg