Busana pranata adicara kelebet satunggaling prekawis ingkang ndayani jejer saha jejeging adeg pranata adicara. Awit saking menika pranata adicara kedah saged ngagem busana gagrak Surakarta menapa dene Ngayogyakarta kanthi leres. Kanthi mekaten pranata adicara saged βkasadeβ, pajeng (kemedol). Pranata adicara kedah saged ngetrepaken busananipun penganten. Menawi penganten ngagem busana gagrak Surakarta, pranata adicara ugi kedah ngagem busana gagrak Surakarta. Menawi penganten ngagem busana gagrak Ngayogyakarta, pranata adicara kedah ngagem busana gagrak Ngayogyakarta. Menawi beda (slenco) boten sae, dipunkinten menawi pranata adicara boten mangertos busana.